Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Jawaban

Diposting pada

 

 

 

Teks sesorah kanggo pitakon nomor 1 – 10

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha tamu undhangan ingkang kula kurmati, para siswa ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit rahmat sarta hidayahipun ing wekdal menika kita sedaya saged makempal kanthi kawontenan rahayu wilujeng nir ing sambekala.

Kula remen sanget sarta matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru, dene ing acara pepisahan kelas 6 menika kula wali siswa dipunparingi wekdal kangge nularaken kawruh ing babagan usaha damel kripik welud.

Bapak Ibu ingkang kinurmatan, para siswa ingkang kula tresnani, perlu kawuningan bilih anggen kula nindakaken usaha damel kripik welud menika sampun puluhan taun. Nanging usaha kula menika mboten langsung lancar Ian maju kados samenika. Kathah pepalang ingkang kula adhepi. Kanthi bandha tekad, ulet, Ian semangat ingkang makantar-kantar sekedhik mbaka sekedhik usaha kula saged lancar. Samenika kripik welud kula sampun dados jujugan tiyang damel oleh-oleh khas dhaerah mriki. Bab menika saged ningkataken ekonomi kulawarga kula. Kejawi menika saged mbikak lapangan kerja kangge tanggi tepalih.

Bapak Ibu Guru Ian para siswa, ing kalodhangan menika kula namung saged atur panjurung mugi – mugi para siswa benjang sageda gadhah krenteg nindakaken wira usaha. Amargi kanthi wira usaha ingkang temen saged ningkataken ekonomi kulawarga.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipun atur kula saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

1. Sapa sing sesorah manut teks ing ndhuwur?
a. Bapak Kepala Sekolah
b. Bapak Guru
c. Ibu Guru
d. Wali Siswa

2. Apa isine sesorah ing ndhuwur?
a. Andharan bab usaha kripik welud.
b. Kenalan wali siswa anyar.
c. Mupangate wira usaha.
d. Pepisahan kelas nenem.

3. Sesorah kasebut katindakake ing ngendi?
a. Ing sekolahan.
b. Ing omahe wali siswa.
c. Ing pabrik kripik welud.
d. Ing kampung kripik welud.

4. Apa tema sesorah ing ndhuwur?
a. Ekonomi kulawarga
b. Kripik welud
c. Lapangan kerja
d. Wira usaha

5. Apa untunge nindakake wira usaha ?
a. Bisa ningkatake ekonomi kulawarga.
b. Ngraketake paseduluran tangga teparo.
c. Ngurangi lapangan kerja tangga teparo.
d. Nambahi kawruh para siswa bab wira usaha.

6. Kepriye pangarep-arepe kang sesorah tumrap para siswa besuke?
a. Para siswa sregep sinaune kareben Pinter sekolahe.
b. Para siswa bisa mbukak lapangan kerja mbesuke.
c. Para siswa duwe krenteg nindakake wira usaha.
d. Para siswa padha bekti marang rama Ian ibune.

7. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah.
Tembung konjuk tegese ….
a. disuwunke
b. diparingke
c. diaturake
d. diadhepake

8. Perlu kawuningan bilih anggen kula nindakaken usaha kripik welud menika sampun puluhan taun. Tegese tembung kawuningan yaiku ….
a. diweruhi
b. dingerteni
c. dipirsani
d. dirungu

9. Mugi-mugi para siswa benjang sageda gadhah krenteg nindakaken wira usaha. Tegese tembung krenteg yaiku ….
a. karep
b. gegayuhan
c. pita-cita
d. panjangka

10. Menawi wonten lepatipun atur kula saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Tegese tembung mranani yaiku ….
a. nusuk
b. nyinggung
c. damel trenyuh
d. damel sisah

11. Istilah agunging samodra pangaksami tegese ….
a. gedhene banyu samodra
b. gedhene pangapura
c. lubere banyu segara
d. gedhe kaluputan

12. Bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi dinten menika sedaya ketua RW saged ….
a. teka
b. dugi
c. dhateng
d. rawuh

13. Pepanggihan Karang Taruna dinten menika kangge ngrancang adicara pameran, mila manga ….. kita ngrancang jadwalipun.
a. gotong-royong
b. sesarengan
c. sami-sami
d. nyawiji

14. Bab-bab ngisor iki kudu digatekake nalika nulis teks sesorah, kajaba ….
a. sapa sing disesorahi
b. wektu kang sumadya
c. sapa sing ndhawuhi
d. pamilihe tembung

15. Kanggo persiapane nulis teks sesorah becike gawe ….
a. ukara
b. dudutan
c. cengkorongan
d. gagasan baku

16. Sesorah sing ditindakake kanthi ngapalke teks sesorah sing wis digawe dhisik klebu jinise sesorah ….
a. Impromtu
b. Manuskrip
c. Memoriter
d. Ekstempore

17. Ancas tujuane sesorah ing prastawa kematian antarane yaiku nglipur kulawarga sing kesripahan.
Miturut tujuane sesorah kasebut klebu sesorah
a. Informatif
b. Deskriptif
c. Persuatif
d. Rekreatif

18. Supaya narik kawigaten, bab-bab ngisor iki kudu digatekake tumrap piyayi sesorah ing acara resmi, kajaba …..
a. solah bawane
b. agemane
c. lelucone
d. sikape

19. Bapak Ibu saha para sedherek ingkang kula kurmati. Bilih maos saged nambah seserepan utawi kawruh.
Ukara ing nginggil tuladha perangan … sesorah.
a. pambuka
b. atur syukur
c. wigatosing
d. panutup

20. Makaten atur kula, pungkasaning aturwilujeng makarya. Mbok bilih wonten kalepatan kula, nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun.
Ukara kuwi sesorah perangan ….
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. pandonga

Pacelathon ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 21 – 29 !

Arya   : “Nif, ayo bedhek-bedhekan.”
Hanif : “Ayo, karo ngapalne cangkriman ya. Dhawuhe Bu Guru minggu ngarep ulangan bab cangkriman. ”
Arya   : “Kebo picak mripate pira, hayo?”
Hanif : “Kebo iku picak utawa Ora, mripate ya tetep Ioro ta?”
Arya   : “Ya, salah Nif. Kebo picak iku kebo sapi Ian cecak, mula mripate enem.”
Hanif : “O…kuwi ta maksude. Genti aku sing mbadheki. Tamu kok mung disuguhi opak angin. Apa badhekane?”
Arya   : “Gampang kuwi. Opak angin rak sing digoreng wedhi kae.”
Hanif : “Hahaha… salah…. Disuguhi opak angin iku tegese ora disuguhi.”
Arya   : “Nyindhir ya…. Aja kuwatir… Ibu mau wis nggoreng gedhang.”
Ibu     : “Adhuh… seru banget olehe dolanan cangkriman sore iki.”
Arya   : “Iya, Bu. Kareben gampang apal.. .ora krasa dolanan karo sinau.”
Ibu     : “Nak Hanif, iki lho gedhang gorenge ndang, mumpung isih anget!”
Hanif : ………………

21. Topik pacelathon ing ndhuwur yaiku ….
a. sinau
b. dolanan
c. cangkriman
d. mertamu

22. Pacelathon ing ndhuwur katindakake ana ing ….
a. omahe Arya
b. omahe Hanif
c. sekolahan
d. kandhang kebo

23. Arya Ian Hanif padha cangkriman ing wanci ….
a. esuk
b. awan
c. sore
d. wengi

24. Pacelathon ing ndhuwur katindakake kanthi swasana ….
a. nguwatirake
b. nyenengake
c. nggumunake
d. nggeterake

25. Tembung kuwatir ing pacelathon ndhuwur tegese ….
a. ngarep-arep
b. sumelang
c. getun
d. wedi

26. Opak iku panganan khas Sunda sing digawe saka ….
a. pohung kukus
b. glepung beras
c. tape ketan
d. gandum

27. “Iya, Bu. Kareben gampang apal… ora krasa dolanan karo sinau. ”
Ature Arya marang ibune sing trep karo unggah-ungguhe basa yaiku ….
a. Inggih, Bu. Kersanipun gampil apal.. mboten kraos dolanan kaliyan sinau.
b. Inggih, Bu. Kersanipun gampil apal… mboten kraos dolanan kalih sinau.
c. Inggih, Bu. Kersanipun gampil apal… mboten krasa dolanan kaliyan sinau.
d. Inggih, Bu. Kersane gampil apal… mboten kraos dolanan kaliyan sinau.

28. Ibu : “Nak Hanif, iki Iho gedhang gorenge ndang ….., mumpung isih anget!”
a. didhahar
b. ditedha
c. dipangan
d. dimaem

29. Ature Hanif marang Ibune Arya ing pacelathon ndhuwur sing trep
a. Inggih, Bu. Matur nuwun.
b. Ya, Bu. Matur nuwun.
c. Hok o, Bu. Matur nuwun.
d. Oce, Bu. Matur nuwun.

30. Cangkriman iku unen-unen sing kudu ….
a. dibedhek
b. diwaca
c. ditulis
d. dirasa

31. Cangkriman uga diarani ….
a. plesetan
b. batangan
c. dolanan
d. tembang

32. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku
a. Segara beldhes
b. Bocor malah kebak
c. Sega sekepel dirubung tinggi
d. Wong adol krambil dikepruki

33. Yen rembugan/celathu marang bapak utawa ibu becike nggunakake basa . …
a. ngoko
b. ngoko alus
c. krama
d. kedhaton

34. Arya : “Wah pinterkowe Hanif. Saiki giliranmu”
Teks pacelathon iku kurang tandha …
a. koma ( , ) sawise tembung wah Ian tandha seru ( ! ) sawise tembung giliranmu
b. koma ( , ) sawise tembung wah Ian tandha titik ( . ) sawise tembung giliranmu
c. seru ( ! ) sawise tembung wah lan tandha titik ( . ) sawise tembung giliranmu
d. seru ( ! ) sawise tembung wah Ian tandha pitakhon ( ? ) sawise tembung giliranmu

35. Arya matur marang ibune menawa Hanif arep mara sinau bareng karo dheweke.
Arya : …………….
a. Bu, Hanif badhe mriki sinau sareng kaliyan piyambakipun.
b. Bu Hanif badhe mriki sinau sareng kaliyan piyambakipun.
c. Bu, Hanif badhe mriki sinau sareng kaliyan kula.
d. Bu Hanif badhe mriki sinau sareng kaliyan kula.

36. Yen ditulis latin …


a. Kumbakarna iku putrane Resi Wisrawa.
b. Kumbakarna iku satriya ing Panglebur Gangsa.
c. Dasamuka iku raja nagara Ngalengka.
d. Dasamuka iku raja asipat raseksa.

37. Yen ditulis latin …..

a. Dasamuka raja nagara Ngalengka.
b. Dasamuka nyolong Dewi Sinta.
c. Dasamuka duwe aji Pancasona.
d. Dasamuka raja kang angkara.

38. Kumbakarna atur pamrayogi mring rakanya. Yen ditulis nagnggo aksara Jawa ….

39. Kumbakarna perang mungsuh bala wanara. Yen ditulis nagnggo aksara Jawa ….

40.

Baca Juga: Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 2 SD Semester 2

Soal Uraian Singkat

41. Perangan teks sesorah ngisor iki tulisen maneh nganggo basa krama sing trep!
Sepisan, aku sakanca ngaturake gedhene panuwun marang Bapak Ian Ibu Guru sing wis nggulawenthah aku sakanca sasuwene sinau ing sekolahan iki. Kaping pindho, aku sakanca njaluk donga pangestu muga-muga bisa nerusake sekolah ing tataran Iuwih ndhuwur.

42. Ing acara pepisahan kelas enem sing arep teka, Fitri didhawuhi Bu Tutik supaya makili kelas enem atur pamitan. Sing bakal rawuh ing acara pepisahan kasebut antarane Ibu Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru, Wali kelas enemt sarta wakil adhik-adhik kelas siji tekan kelas lima.
Tulisen sesorahe Fitri perangan pambuka sing isine salam pambuka, atur pakurmatan, Ian atur puji syukur!

43. Bu Kades ngendika menawa uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel-tikel sarta ajak-ajak marang wargane supaya buwang uwuh ana panggonane. Para warga mratelakake kesanggupane.
Pratelan kasebut dadekna teks pacelathon!

44. Ukara ngisor iki tulisen latine!


45. Ukara ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
Malem Minggu Wasana nonton kethoprak ing alun-alun.