soal basa jawa kelas 5

Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013 Bab Legendha

Diposting pada

Soal bahasa jawa kelas 5. Kemarin kami sudah membagikan soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 tahun 2019/2020. Apabila sahabat belum sempat membaca dan mempelajarinya bisa mencari pada arsip di blog ini. Dan untuk kesempatan kali ini perkenankan kami untuk membagikan Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013 Bab Legendha.

Soal Bahasa Jawa Kelas 5 k13

Untuk contoh soal bahasa jawa kelas 5 pdf yang kami bahas kali ini. Kami khususkan pada bab. 6 yaitu tentang Legenda Rawa Pening. Tentu saja materi ini sudah sesuai dengan kurikulum 2013. Dan berpedoman pada kisi kisi soal basa jawa semester 2.

Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 k13

Untuk postingan kali ini kami hanya bisa membagikan contoh soal basa jawa kelas 5 semester 2 dalam bentuk soal pilihan ganda, yang berjumlah 25 soal. Dan sisanya berupa 10 soal isian. Di akhir postingan akan kami bagikan kunci jawabannya. Dengan harapan bisa membantu adik adik dalam belajar basa jawa di rumah.

Soal Pilihan Ganda

1. Dongeng kang nyritakake dumadine sawijine panggonan, desa utawa kutha diarani ….

a. sage
b. fabel
c. legendha
d. mithe

Gatekna crita ing ngisor iki !

Rawa Pening

Ing Redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Sawer kala wau saya suwe saya mundhak gedhe. Sang Pandhita kersa ngakoni putra, menawa sawer wau purun tapa nglekeri Redhi Merbabu. Anggenipun nglekeri kedah ngantos gathuk antawisipun endhas kaliyan buntutipun.

Nalika sawer tapa nglekeri Redi Merbabu wau. Sareng pethitipun kacobi badhe kagathukaken kaliyan sirahipun, ananging tasih cupet. Sawer wau mbudidaya ilatipun lajeng dipuneletaken. Sang Pandhita sumerep, ilatipun wau lajeng dipunkethok Pandhita. Sawer wau boten pejah badanipun. Saya suwe saya boten katawis, saking kathahing rerungkudan.

Tiyang dhusun sami pados bebujengan wana. Ing dhusun mriku badhe wonten tatacara tradisi bersih dhusun. Sadinten wonten njero wana ananging dereng angsang bebujengan wana. Wontem tiyang lungguh kaliyan bacok bacok lelandesan ing rebatang. Kaget rebatang wau ngedalaken rah. Tiyang dushun gadhah panginten manawi ing kang medal rahipun punika uling ingkang ageng sanget. Uling wau dipunpurak ulamipun dipunbekta mantuk dhateng ing dhusun.

Ing dhusun kathah tiyang sami olah olah. Sukmanipun sawer wau lajeng mindha lare jaler. Lare jaler menika mara dhateng dhusun nyuwun ulam sekul, ananging boten dipun paringi. Wonten nini nini ingkang welas dhateng lare jaler wau. Lajeng lare wau dipunparingi ulam sekul. Lare wau ngaturaken metur nuwun lan atur pemut bilih mangkih badhe wontem bena ageng. Supados sedhiya lesung kangge prahu lan enthong kangge welahipun.

Lare wau nancebaken sada ing siti. Lare lare dhusun sami nyobi bedhol sada wau, ananging boten wonten ingkang kiyat. Tiyang – tiyang sepuh ugi nyobi mbedhol sada wau, ananging boten wonten ingkang saged. Lajeng lare jaler wau mbedol piyambak sadanipun. Sareng mbedol sadaipun wau, medhal toyanipun. Toyanipun saya suwe saya ageng, ndadosaken bena utawi banjir. Tiyang sadhusun akhire sami kerem keblabak banjir. Namung nini ingkang paring sekul ulam ingkang tasih wilujeng, amargi numpak lesung. Panggenan ingkang kabanjiran wau dados rawa. Sapunika naminipun Rawa Pening, dados tukipun lepen Tuntang

2. Ing redi Merbabi wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Tembung pandhita tegese ….
a. murid
b. resi
c. juragan
d. penduduk

3. Sawer kala wau saya suwe saya mundhak gedhe. Sawer tegese ….
a. elut
b. macan
c. ula
d. kadal

4. Crita ing dhuwur kalebu dongeng jenisipun ….
a. legendha
b. sage
c. mite
d. fabel

5. Sang Pandhita kersa ngakoni putra, menawa sawer wau purun tapa nglekeri Redhi Merbabu.
Redi tegese ….
a. alas
b. kali
c. gunung
d. uwit

6. Tiyang ndusun sami padhos bebujengan wana kangge tatacara bersih dhusun.
Bebujengan tegese ….
a. woh wohan
b. beburonan
c. kewan manut
d. palawija

7. Uling wau dipunpurak ulamipun dipunbekta mantuk dhateng ing dhusun.
Tembung uling tegese …
a. elut
b. ula
c. kodok
d. iwak

8. Sukmanipun sawer mindha dados ….
a. tiyang dhusun
b. lare jaler
c. nini nini
d. tiyang sepuh

9. Lare jaler wau dhateng ing dhusun nyuwun ….
a. iwak ula
b. ulam sekul
c. bancakan
d. woh wohan

10. Sinten ingkang welas lan maringi sekul ulam datheng lare wau?
a. pandhita
b. tiyang dhusun
c. nini nini
d. sawer

11. Lare wau pemut menawi badhe wonten ….
a. bena
b. lindhu
c. alas kobong
d. gunung mbledos

12. Sareng sada wau kabedhol, medal toyanipun. Toyanipun saya ageng nadosaken ….
a. air mancur
b. air terjun
c. udan
d. bena

13. Saya lami saya boten katawis, saking kathahing rerungkudan. Katawis basa ngokone ….
a. katut
b. wani
c. kethok
d. melu

Baca juga: Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Bab Tembang Pangkur

14. Tiyang dhusun sami kaget rebatang wau ngedalaken rah. Tembung rah tegese ….
a. banyu
b. toya
c. getih
d. tlutoh

15. Sapunika naminipun Rawa Pening, dados tukipun lepen Tuntang.
Tukipun tegese ….
a. sumbere
b. kaline
c. urute
d. gentine

16. Jaman biyen, legendha dicritake kanthi sarana gethok tular, nanging saiki wis akeh diwujudake dadi ….
a. mitos
b. dongeng
c. crita
d. buku

17. Kang ora perlu digathekake nalika ngringkes crita legendha yaiku ….
a. mangerteni isi critane
b. urutane crita kudu paha crita asline
c. isi ringkesane kudu luwih dawa
d. nulisake ukara kang penting penting

18. Sala sawijine bab ngringkes crita legenda yaiku nulisake ukara kang penting, dene ukara kang ora penting ….
a. ditambahi
b. dibuwang
c. disuda
d. diapike

19. Isi ringkesan legendha kudu … karo isi crita asline
a. luwih dawa
b. padha
c. ora padha
d. bedha

20. Crita ing ngisor iki kang kalebu crita legendha yaiku ….
a. Jaka Tingkir
b. Dumadine Rawa Pening
c. kancil Nyolong Timun
d. Ngoyak Tuyul

Soal isian Singkat

1. Jaman biyen crita dongeng legendha dicritake kanthi ….

2. Ing Redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados ….

3. Lare jaler menika mara dhateng dhusun nyuwun ulam sekul.

Sekul tegese …..

4. Tiyang dhusun padhos bebujengan wonten ….

5. Sapunika Rawa Pening dadosi tukipun Lepen ….

6. Lajeng lare wau dipunparingi ulam sekul kaliyan ….

7. …. sawer wau lajeng dipunkethok Pandhita.

Tembung kang jumbuh ngisi cecek cecek ing dhuwur yaiku ….

8. Sukmanipun sawer mindha lare jaler.

Ukara ing dhuwue yen didadeke basa ngoko yaiku ….

9. Ingkang dipun tanjepke lare jaler wau yaiku ….

10. Crita Dumadine Rawa Pening iku kondang ing daerah Propinsi ….

Mungkin hanya ini yang bisa kami bagikan pada kesempatan kali ini, apabila adik adik membutuhkan soal bahasa jawa kelas 5 kurikulum 2013 yang lain bisa membacanya melalui tautan di bawah ini:

  • Kumpulan soal bahasa jawa kelas 5 semester 1 k13
  • Soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 k13
  • Soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 1 tahun 2019

Sekian pembahasan kita kali ini, semoga kumpulan soal bahasa jawa kelas 5 semester 2 bab legendha bermanfaat.