Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 K13 Srikandi Madheg Senapati

Diposting pada

Adik adik seperti janji saya kemarin bahwa kami akan melanjutkan pembahasan bahasa jawa. Untuk postingan ini yang kami bahas tentang 50 + Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 K13 dan Kunci Jawaban. Soal ini sangat cocok untuk menghadapi ulangan harian, UTS dan bahkan UAS.

Soal Bahasa Jawa Kelas 5

Yang jadi bahasan kita kali ini Basa Jawa Kelas 5 Bab Srikandhi Madheg Senapati. Materi ini kurang lebih membahas tentang cerita pewayangan saat Srikandhi menjadi Senapati dalam peperangan Bharathayuda. Bab Pewayangan ini, hampir di tiap semester ada. Maksud materi pewayangan ini, agar anak anak mengetahui tentang wayang, yang merupakan salah satu budaya di Jawa ini.

Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013

Untuk bahasa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013 bab wayang ini terdiri dari 20 soal butir pilihan ganda dan 10 soal isian. Di akhir postingan kami lengkapi dengan kunci jawaban.

Soal Pilihan Ganda

Wacanen crita ing ngisor iki kanggo jawab pitakon ing ngisor iki.

 

Srikandhi Madeg Senapati

 

Perang Bharatayuda saya suwe samsaya rame. Pandhawa lan kurawa padha ngetoke senapati kanggo manggala yudane para prajurit. Prabu Duryudana tetep ngukuhi Nagara Ngastina. Ratu iki nduweni watak ingkang srakah. Amarga iki ndadhekake perang Bharatayuda ora bisa diendheg. Sawijine dina Prabu Duryudana misuda Resi Bisma dadi senopatine Kurawa. Resi Bisma iku pandhita kang nduweni watak wicaksana lan sabar. Kajaba kuwi para prajurit Pandhawa padha wedi karo kadigdayane Resi Bisma. Raden Seta kang dados senapatine Pandhawa gugur dening Resi Bisma.

Pandhawa isih sungkawa penggalihe. Amarga putrane Arjuna kang sesulih Bambang Irawan ing palaga kurusetra. Prabu Kresna nyeraki Raden Arjuna kalih ngasta sanjata cakranipun kanggo nandhingi Resi Bisma. Ananging Raden Arjuna atur pemut supados Prabu Kresna ora nandhingi Resi Bisma ing perang Bharatayudha. Prabu Kresna kang nduweni  watak wicaksana sarajuk marang ature Raden Arjuna wau.

Sawijine dina, Wara Srikandi ditimbali Raden Arjuna supaya ngadhep Prabu Kresna. Wara Srikandhi didawuhi madeg dados senapatine. Lan Wara Srikandhi saguh dados senapatine Pandhawa kanggo ngadepi Resi Bisma. Anggendhong endhong lan menthang gandhewa, Wara Srikandhi nandingi senapatine Kurawa aran Resi Bisma.

Wara Srikandhi setunggal kreta kalih garwane, yaiku Raden Arjuna. Wara Srikandi nglepasake panahe ngener jajane Resi Bisma, ananging ora bisa tumama. Banjur nusuli anglepasake panahe ngenani gandare panahe Wara Srikandhi. Panahe wau nanceb ing jajane Resi Bisma. Resi Bisma banjur tiba saka kretane, gumlundung ing bantala banjur pralaya.

Sanadyan Wara Srikandhi iku prajurit wanodya, nanging trengginas lan cukat. Wara Srikandhi yen ngomong ladak, kumresek nanging saget mrantasi karya. Watake Wara Srikandhi yaiku setya, jujur lan becik tata kramane uga pinter anggone perang.

1. Sing ngusulake Wara Srikandhi dados senapatine Pandhawa yaiku ….

a. Prabu Kresna

b. Prabu Duryudana

c. Raden Arjuna

d. Resi Bisma

 

2. Nalika Wara Srikandhi madheg dados senapati mungsuh ….

a. Prabu Duryudana

b. Prabu Kresna

c. Resi Bisma

d. Bambang Irawan

 

3. PerangBharatayudha iku perang …. karo ….

a. Pandhawa karo Kurawa

b. Pandhawa karo Ngastina

c. Ngamarta karo Pandhawa

d. Madukara karo Kurawa

 

4. Prabu Duryudana tetep ngukuhi Nagara Ngastina. Ngukuhi tegese ….

a. menehake

b. ngulungake

c. nggondheli

d. ngiklasake

 

5. Watake Prabu Duryudana kang …. njalari perang Barathayuda ora bisa diendheg.

a. wicaksana

b. trengginas

c. srakah

d. andap asor

 

6. Resi Bisma iku senapati nagara …..

a. Ngamarta

b. Ngastina

c. Madukara

d. Jodhipati

 

7. Pandhawa isih sungkawa penggalihe amarga ….

a. Raden Bisma madheg dadi senapati

b. Bambang Irawan gugur ing palagan

c. Prabu Kresna duka kalih Prabu Duryudana

d. Wara Srikandhi ora gelem dadi senapati

 

8. Wara Srikandhi iku garwane ….

a. Prabu Kresna

b. Resi Bisma

c. Raden Bima

d. Raden Arjuna

 

9. Resi Bisma nduweni watak ….

a. srakah

b. gumedhe

c. wicaksana

d. galak

 

10. Prabu Kresna kang nduweni  watak wicaksana sarajuk marang ature Raden Arjuna wau. Tembung sarujuk tegese ….

a. bedha

b. lunga

c. cocog

d. nyedhaki

 

11. Raden Seta iku Senapatine …. kang gugur dening Resi Bisma.

a. Kurawa

b. Pandhawa

c. Dhawawati

d. Ngastina

 

12. Papan kanggo perang Barathayuda arane palagan ….

a. Ngamarta

b. Kurusetra

c. Plangkawati

d. Bumi Retawu

 

13. Panahe Wara Srikandi nanceb ing perangane awake Resi Bisma sisih ….

a. astane

b. jantunge

c. jajane

d. mustakane

 

14. Resi Bisma banjur tiba saka kretane, gumlundung ing bantala banjur pralaya.

Tembung Pralaya tegese …..

a. sehat

b. urip

c. mati

d. mlayu

 

15. Ing ngisor iki sing ora klebu watake Wara Srikandhi yaiku ….

a. becik tata kramane

b. cukat

c. trengginas

d. jirih

 

16. Paraga kang duweni watak ala di arani ….

a. antagonis

b. protagonis

c. tritagonis

d. paraga

 

17. Tokoh kang dicritake sajroning crita arane ….

a. alur

b. latar

c. paraga

d. watak

 

18. Sipat sipat kang diduweni dening para paraga ing sajroning crita diarani ….

a. plot

b. latar

c. paraga

d. watak

 

19. Gatekno gambar ing ngisor iki !

dewi srikandhi

Gambar wayang ing dhuwur arane ….

a. Wara Srikandhi

b. Dewi Kunthi

c. Dewi Sembadra

d. Dewi Madrim

 

20. Gatekno gambar ing sisih ngisor iki!

prabu kresna

Gambar wayang ing sisih dhuwur arane ….

a. Prabu Duryudana

b. Prabu Kresna

c. Raden Arjuna

d. Resi Bisma

 

Soal Isian Singkat

1. Irah irahane crita ing dhuwur yaiku ….

2. Perange Pandhawa mungsuh Kurawa diarani perang ….

3. Resi Bisma pralaya ing palagan.

Tembung palagan tegese ….

4. Prabu Duryudana ratu ing nagara ….

5. Senjatane Prabu Kresna arane ….

6. Sanadyan Wara Srikandhi iku prajurit wanodya, nanging trengginas lan cukat. Wanodya tegese yaiku ….

7. Gatekno gambar wayang ing ngisor iki !

raden arjuna janaka

Wayang ing sisih dhuwur iku satriya ing ….

8. Resi Bisma pralaya amarga jemparinge Wara Srikandi.

Tembung Jemparinge tegese ….

9. Prabu Kresna ratu ing ….

10. Gatekno gambar ing sisih ngisor iki !

resi bisma wayang

Gambar wayang ing dhuwur arane ….

Bagi adik adik yang masih membutuhkan soal bahasa kelas 5 yang lain bisa membaca dan mempelajari di link bawah ini:

50 + Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013

Kumpulan Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Bab Tembang Pangkur

Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013 Bab Legendha

Hanya ini yang bisa kami bagikan pada kesempatan kali ini. Semoga bisa menambah wawasan kita tentang soal bahasa Jawa kelas 5 semester 2 k13 bab srikandhi madheg senapati.