Soal Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum 2013 Bab Cerita Rakyat

Diposting pada

 

 

1. Gatekna crita ing ngisor iki.

Kacarita ing jaman semana ana kraton gedhe ing tanah Jawa kang duwe jeneng Prambanan. Kraton Prambanan duwe ratu ingkang adil lan wicaksana arane Prabu Baka. Mula kabeh kawula Prambanan bisa urip adil lan tentrem.
Watake Prabu Baka miturut crita ing dhuwur yaiku ….
a. srakah
b. bengis
c. adil lan wicaksana
d. kejem

2. Crita rakyat Roro Jonggrang iku crita legendha dumadine candi ….
a. Borobudur
b. Prambanan
c. Pawon
d. Mendhut

3. Crita dongeng kang nyritake dumadine papan utawa panggonan lan kutha diarani ….
a. fabel
b. sage
c. legendha
d. mite

4. Miturut crita Kraton Prambanan digempur dening ratu Pengging kang aran ….
a. Prabu Rama
b. Prabu Ranggalawe
c. Prabu Bandung Bandhawasa
d. Prabu Balaputra Dewa

5. Miturut critane, jenenge kutha Salatiga asale seko tembung ….
a. sala tiga
b. salah tiga
c. salak tiga
d. salad tiga

Wacanen crita rakyat ing ngisor iki !

Jaka Tarub

Biyen ing Desa Tarub wonten randha sing becik budi pekertine. Sawijining dina Nyi Randha pados godhong jati ing alas. Dumadakan Nyi Randha nemukake bayi. Bayi wau banjur digawa mulih lan diopeni Nyi Randha. Bayi wau banjur diparingi jeneng Jaka Tarub. Suwe suwe bayi wau dadi jejaka ingkang bagus rupa lan budi pekertine.

Jaka Tarub remen nulup manuk ing alas. Sawijining dina Jaka Tarub nguyak manuk tekan pinggire sendhang. Dumadakan ing langit ana kluwung manjer, ana widadari kang medhun ing pinggire sendhang. Para widadari wau banjur ucul sandangane lan lelumban wonten sendhang. Tarub kanthi dhedhelikan nyuthik sandhangane salah sijine widadari sing tumumpang ing watu banjur didhelikake.

Para widadari rampung anggone lelumban banjur bali menyang langit utawi kahyangan. Ana setunggal widadari nangis goleki sandangane, arane Dewi Nawang Wulan. Banjur Jaka Tarub saguh nulungi, cepet cepet njupuk sandhangane simboke lan ndelikake sandangan kang dijupuk wau wonten lumbung pari. Nawang Wulan banjur dijak mulih uga banjur dipek bojo Jaka Tarub. Nawang Wulan Mbobot, nuli nglairake bayi wadon diparingi jeneng Nawangsih.

6. Apa irah irahane crita kasebut ing dhuwur?
a. Jaka Tole
b. Jaka Tarub
c. Nawangsih
d. Nawang Wulan

7. Bayi Jaka Tarub ditemokake Nyi Randha wonten ….
a. pinggire sendhang
b. alas
c. wadhuk
d. sawah

8. Jaka Tarub senengane ….
a. ingon ingon manuk
b. adol tinuku manuk
c. nulup manuk
d. mburu kidang

9. Sandhangan sing dijupuk Jaka Tarub banjur didhelike wonten ….
a. alas
b. gandhok
c. lumbung pari
d. gendheng

10. Jaka Tarub kalih Nawang Wulan duwe putra wadon jenenge ….
a. Nawang Wulan
b. Nyi Randha
c. Widadari
d. Nawangsih

Gatekna crita ing ngisor iki !

Ki Ageng Pengging kagungan putra setunggal kang aran Karebet. Eman dene isih cilik Karebet wis lola. Nyi Ageng Tingkir bareng mireng kabar manawa Ki Ageng Pengging kalih Nyi Ageng sampun seda, sakala atine prihatin sanget. Nyi Ageng Tingkir banjur budhal menyang Pengging, sedyane mupu anak Mas Karebet.

Nuli Mas karebet kaboyong menyang Tingkir. Ana ing Tingkir Mas Karebet dados lare lantip, trapsila lan boten urakan. Mas Karebet uga manut marang Nyi Ageng Tingkir malah taberi mbiyantu nyambut gawe.

Saya gedhe, Mas Karebet katon bagus rupane bregas pawakane pideksa. Watake remen tetulung marang sapdha padha. Dhewekw kondang ing saidenge Tingkir mula banjur diarani Jaka Tingkir.

11. Ki Ageng Pengging kagungan putra setunggal yaiku ….
a. Nyi Ageng Tingkir
b. Karebet
c. Jaka Tarub
d. Nawang Wulan

12. Eman dene isih cilik Karebet wis lola. Tembung lola tegese ora duwe ….
a. arta
b. bapak
c. adhi
d. bapak lan ibu

13. Nyi Ageng Tingkir banjur budhal menyang Pengging, sedyane mupu anak Mas Karebet.
Tembung mupu duweni teges yaiku ….
a. ngepek
b. ngajak
c. mituturi
d. ngandhani

14. Ana ing Tingkir Mas Karebet dados lare lantip, trapsila lan boten urakan. Tembung lantip tegese ….
a. bagus
b. pinter
c. sregep
d. gemi

15. Jaka Tingkir dhuweni watak ….
a. srakah
b. seneng tetulung
c. gemi
d. sregep sinau

16. Ki Ageng Sela (aweh) pandongo kagem Jaka Tingkir. Tembung ing jero kurung kang trep diganti tembung ….
a. atur
b. caos
c. paring
d. menehi

17. Tembung loro sing dirangkep dadi siji diarani tembung ….
a. camboran
b. wangsalan
c. parikan
d. paribasan

18. Guru = digugu lan ditiru
Tembung kang ana ing dhuwur kalebu tembung ….
a. dasanama
b. kerata basa
c. purwakanti
d. paribasan

19. Ketara – becik – ketitik – ala
Tembung tembung ing dhuwur yen didadeke ukara dadi ….
a. Becik ketitik ketara ala
b. Becik ketara ala ketitik
c. Becik ketitik ala ketara
d. Ketara ala ketitik becik

20. Tembung wedang menawa dikerata basa yaiku dadi …
a. gawe kandhang
b. gawe kadang
c. luwih madhang
c. luwih manggang

21. Putra …. maju lomba maca geguritan ing Klaten.
Tembung kang jumbuh kanggo ngiseni cecek cecek ing dhuwur yaiku ….
a. ditimbali
b. dikongkon
c. didhawuhi
d. diundhang

22. Jam sanga wengi aku wis turu, ananging simbang dereng ….
a. wungu
b. dhahar
c. sare
d. tilem

23. Ukara ing ngisor iki kang bener yaiku ….
a. Adi dhahar sega goreng
b. Simbah mangan soto
c. Lukman lagi sare nang kamar
d. Eyang nembe sare wonten kamar.

24. Nalika aku tekan sekolah, Bu guru ugi sampun ….
a. lunga
b. teka
c. dugi
d. rawuh

25. Anak baya arane ….
a. sawiyah
b. belo
c. krete
d. blengur

26. Gogor yaiku jenenge anak ….
a. wedhus
b. sapi
c. macan
d. jaran

27. Miturut wujude, tembung camboran wutuh kuwi cacahe ana ….
a. loro
b. telu
c. papat
d. lima

28. Jupukna buku tulis iku !
Ukara ing dhuwur kalebu ukara ….
a. pitakon
b. pakon
c. andharan
c. gothang

29. Miturut unggah unggahing basa kuwi ana papat. Ing ngisor iki kang ora klebu unggah ungguh basa jawa yaiku ….
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama alus
d. lugu alus

30. Tembung ing ngisor iki kang klebu yogyaswara yaiku ….
a. dewa dewi
b. meja tulis
c. gedhe cilik
d. lanang wadon

Soal Isian Singkat

1. Crita kang asale saka masyarakat lan ngrembaka ana nasyarakat kang awujud lesan ugi tulisan diarani ….

2. Crita dongeng kang paragane arupa kewan kewan diarani ….

3. Tembung camboran dubang saka tembung … lan ….

4. Crita Rawa Pening iku kawentar ing daerah Propinsi ….

5. Crita rakyat iku ora dimangerteni sapa kang ngarang, mula diarani ….

6. Nyi Randha nemukake bayi tarub nalika lagi ….

7. Para widadari mudhun ing sendhang karepe ….

8. Nyi Ageng Tingkir bareng krungu pawarta ki Ageng Pengging sedha, atine Nyi Ageng Tingkir prihatin.
Tembung pawarta tegese ….

9. Mas karebet iku bocah kang …. lan trapsila.

10. Ratu Baka iku Ratu ing kraton ….

 

soal bahasa jawa kelas 4 tentang geguritan
pts bahasa jawa kelas 4 semester 1
soal uts bahasa jawa kelas 4 semester 1 kurikulum 2013 dan kunci jawaban
materi bahasa jawa kelas 4 semester 2 k13
soal bahasa jawa kelas 4 kurikulum 2013
soal uts bahasa jawa kelas 4 semester 1 k13
soal ulangan harian bahasa jawa kelas 4 semester 2
kisi kisi bahasa jawa kelas 4 semester 1