soal bahasa jawa kelas 6 semester 1 dan 2

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 dan 2 Kurikulum 2013

Diposting pada

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 dan 2 Kurikulum 2013. Postingan ini kami akan mencoba membagikan Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 dan 2 Kurikulum 2013 serta Kunci Jawaban. Di mana pada kumpulan soal Bahasa Jawa kelas 6 beserta kunci jawaban ini sudah sesuai dengan kurikulum terbaru saat ini. Menariknya lagi soal ulangan ini juga cocok digunakan sebagai persiapan PTS, PAS sekaligus Ujian Sekolah untuk kelas 6 mapel Bahasa Jawa. Seperti apakah soal Bahasa Jawa kelas 6 2020 ini?

Soal Bahasa Jawa Kelas 6

Seperti yang sudah kami bahas di awal bahwa soal bahwa soal bahasa jawa kelas 6 sd dan kunci jawaban kami khususkan untuk menghadapi kegiatan PTS, PAS dan Ujian Sekolah. Baik nanti untuk semester 1 maupun semester 2. Adik adik juga dimanjakan dengan kumpulan soal ini, pasalnya sudah kami lengkapi kunci jawaban dan juga pembahasan secara detail dan lengkap.

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 2020

Geguritan kanggo pitakon nomer 1 – 2

Piweling

bumi iki duwekmu
warisan pusaka saka leluhurmu
geneya kowe mung kamitenggengen
kasengsem marang kaendahan wae
garapen enggal garapen
lan rumaten
……………………

1. Tembung “kamitenggengen” ing geguritan kasebut tegese . . . .
A. nyawang tanpa kedhep
B. meneng tanpa obah
C. ngrungokake kanthi temen
D. ora nggatekake

Jawaban: nyawang tanpa kedhep.

Artine bahasa Indonesia:

bumi ini punyamu

warisan pusaka leluhurmu

kamu hanya memandang tertegun (memandang tanpa berkedip)

tergiur dengan keindahan saja

kerjakan cepat lestarikan

2. Geguritan kasebut ngemu pitutur luhur, yaiku . . . .
A. bumi iki warisan leluhur sing kudu dilestarekake
B. bumi iki warisan sing kudu dijaga kaendahane
C. bumi iki dirumat kareben nyengsemake
D. aja nglirwakake piwelinge lan warisane para leluhur

Jawaban: bumi iki warisan leluhur sing kudu dilestarekake.

3. Dina riyaya Idul Fitri tanggal 1 Syawal taun iki beda karo riyaya taun-taun kepungkur. Riyaya taun iki diadani ana masa pandemi covid-19. Acara sungkem utawa ujung marang Ibu Bapak lan sanak kadang sing adoh papane cukup lantaran handpon. Nadyan mangkono ora ngurangi maknane riyaya lebaran, njaluk sarta menehi pangapura mring sesama. Isine wacan kasebut . . . .
A. Riyaya Idul Fitri taun kapengker ngleresi masa pandemi covid-19.
B. Acara sungkem utawi ujung cekap dhateng Ibu lan Bapak.
C. Ing masa pandemi covid-19 punika kita kedah gadhah handpon.
D. Sungkem Ibu Bapak lantaran handpon mboten ngirangi makna riyaya lebaran.

Jawaban: Sungkem Ibu Bapak lantaran handpon mboten ngirangi makna riyaya lebaran.

4.

nemu pete ing kebon aksara jawa
Ukara kasebut yen ditulis latin dadi . . . .
A. Nemu pete neng kebon.
B. Nemu pete ing kebon.
C. Nemu petetan ing kebon.
D. Nemu petetan nang kebon.

Jawaban: nemu pete ing kebon.

5. Arya Penangsang utusan abdine Rangkud merjaya Sunan Prawata. Rangkud kelakon nyedani Sunan Prawata lan garwane, nanging Rangkud uga mati kena pusakane Sunan Prawata.
Watake Arya Penangsang . . . .
A. Wicaksana
B. alus budine
C. brangasan
D. dhemen tetulung

Jawaban: brangasan.

6.

aksara jawa mawar turu amarga sayah
Ukara ing ndhur yen ditulis latin dadi . . . .
A. Mawar turu amarga sayah.
B. Mawar ngaso marga sayah.
C. Mawar turu marga hadiah.
D. Mawar turune kurang wayah.

Jawaban: Mawar turu amarga sayah.

Wacan kanggo pitakon nomer 7 – 9

Candhi Borobudhur dumadi saka 9 tataran, yaiku enem teras wujud pesagi lan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.
Tekan saiki, candhi Borobudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Budha padha ngrayakake Waisak ing candhi saben taun. Candhi Borobudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kang gawe gumun turis domestic lan mancanegara.

7. Tembung “direnggani” tegese . . . .
A. dipaesi/dihias
B. dilapisi
C. dipasangi
D. ditempeli

Jawaban: dipaesi/dihias.

8. Pira cacahe relief sing ngrenggani candhi Borobudhur?
A. 9
B. 72
C. 504
D. 2.672

Jawaban: 2.672 relief.

9. Ukara pitakon sing jumbuh karo isine wacan ndhuwur, yaiku . . . .
A. Taun pira dumadine candhi Borobudhur?
B. Ing ngendi papane candhi Borobudhur?
C. Sapa sing ngrayakake Waisak ing candhi Borobudhur?
D. Kepriye wong-wong Budha ngrayakake Waisak?

Jawaban: Sapa sing ngrayakake Waisak ing candhi Borobudhur?

 

Wacan kanggo pitakon nomer 10 – 13

Rawa Pening

Tiyang dhusun Banarawa badhe ngawontenaken tatacara tradhisi bersih dhusun. Tiyang dhusun sami pados buron wana. Sadinten boten angsal buron wana. Wonten tiyang bacok-bacok lelandhesan ing rebatang. Kaget rebatang ngedalaken rah. Gadhah panginten menawi ingkang medal rahipun punika uling ingkang ageng. Uling dipunpurak, dagingipun dipunbekta mantuk dhateng dhusun.

Ing dhusun kathah tiyang olah-olah. Dumadakan wonten lare jaler dhateng dhusun lajeng nyuwun sekul ulam, nanging boten wonten ingkang maringi. Wonten nini-nini ingkang welas dhateng lare wau, lare dipunsukani sekul ulam. Lare wau ngaturaken panuwun lan atur pemut bilih badhe wonten bena. Supados sedhiya lesung kangge prau lan enthong kangge welah.

Lare wau nancepaken sada ing siti. Lare-lare sanesipun supados mbedhol, nanging sedaya boten saged mbedhol. Tiyang-tiyang sepuh sami mbedhol, ugi boten saged. Lajeng sada dipunbedhol piyambak lare jaler wau. Sanalika medal toyanipun, saya dangu saya ageng, ndadosaken bena. Tiyang sadhusun sami pejah kablabak, kejawi nini-nini wau ingkang wilujeng. Panggenan ingkang kabenan wau dados rawa. Sapunika papan punika dipunwastani Rawa Pening.

10. Crita kang nyritakake kedadeane sawijining panggonan diarani crita . . . .
A. fabel
B. mite
C. legenda
D. sejarah

Jawaban: legenda.