soal UAS Bahasa Jawa Semester 2

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Jawaban

Diposting pada

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Kunci Jawaban. Pada postingan ini kami akan membahas sedikit soal tentang Soal PAS Kelas 6 Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Kurikulum 2013. Pada soal tersebut terdiri dari beberapa soal pilihan ganda, yang terbagi menjadi 3 bab. Dari ketiga bab materi basa jawa kelas 6, di antaranya: Bab. Sesorah atau Pidato, Bab. Pachelaton atau percakapan dan bab Aksara Jawa.

Soal UAS Kelas 6 Semester 2

Dibandingkan dengan soal uts bahasa jawa kelas 6 semester 2 2020 tentu saja soal UAS ini lebih lengkap. Mengingat materi yang ada di dalam soal PAS bahasa Jawa kelas 6 ini lebih banyak yakni terdiri dari 3 bab. Untuk memudahkan adik adik dalam belajar postingan ini bisa kita jadikan sebagai download soal pat bahasa jawa kelas 6 semester 2. Dimana di akhir setiap soal kami berikan kunci jawabannya.

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 2021

Untuk memudahkan adik adik mempelajari soal bahasa jawa kelas 6 semester 2 kami ambil pula beberapa contoh soal ulangan harian bahasa jawa kelas 6 semester 2. Yang mana soal ini sebagai pelengkap agar soal PAS bahasa jawa kelas 6 kurikulum 2013 ini makin lengkap. Sudah kami sebutkan di atas bahwa soal ukk bahasa jawa kelas 6 sd semester 2 terdiri dari 3 bab, yakni bab sesorah, pachelaton dan aksara jawa.

Baca Juga: soal uts bahasa jawa kelas 6 semester 2 2020

 

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Sesorah

Teks sesorah kanggo pitakon nomor 1 – 10

Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha tamu undhangan ingkang kula kurmati, para siswa ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit rahmat sarta hidayahipun ing wekdal menika kita sedaya saged makempal kanthi kawontenan rahayu wilujeng nir ing sambekala.

Kula remen sanget sarta matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru, dene ing acara pepisahan kelas 6 menika kula wali siswa dipunparingi wekdal kangge nularaken kawruh ing babagan usaha damel kripik welud.

Bapak Ibu ingkang kinurmatan, para siswa ingkang kula tresnani, perlu kawuningan bilih anggen kula nindakaken usaha damel kripik welud menika sampun puluhan taun. Nanging usaha kula menika mboten langsung lancar Ian maju kados samenika. Kathah pepalang ingkang kula adhepi. Kanthi bandha tekad, ulet, Ian semangat ingkang makantar-kantar sekedhik mbaka sekedhik usaha kula saged lancar.

Samenika kripik welud kula sampun dados jujugan tiyang damel oleh-oleh khas dhaerah mriki. Bab menika saged ningkataken ekonomi kulawarga kula. Kejawi menika saged mbikak lapangan kerja kangge tanggi tepalih. Bapak Ibu Guru Ian para siswa, ing kalodhangan menika kula namung saged atur panjurung mugi – mugi para siswa benjang sageda gadhah krenteg nindakaken wira usaha. Amargi kanthi wira usaha ingkang temen saged ningkataken ekonomi kulawarga.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipun atur kula saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

1. Sapa sing sesorah manut teks ing ndhuwur?
a. Bapak Kepala Sekolah
b. Bapak Guru
c. Ibu Guru
d. Wali siswa

Jawaban: Wali siswa.

2. Apa isine sesorah ing ndhuwur?
a. Andharan bab usaha kripik welud.
b. Kenalan wali siswa anyar.
c. Mupangate wira usaha.
d. Pepisahan kelas enem.

Jawaban: Andharan bab usaha kripik welud.

3. Sesorah kasebut katindakake ing ngendi?
a. Ing sekolahan.
b. Ing omahe wali siswa.
c. Ing pabrik kripik welud.
d. Ing kampung kripik welud.

Jawaban: Ing sekolahan.

4. Apa tema sesorah ing ndhuwur?
a. Ekonomi kulawarga
b. Kripik welud
c. Lapangan kerja
d. Wira usaha

Jawaban: wira usaha.

5. Apa untunge nindakake wira usaha?
a. Bisa ningkatake ekonomi kulawarga.
b. Ngraketake paseduluran tangga teparo.
c. Ngurangi lapangan kerja tangga teparo.
d. Nambahi kawruh para siswa bab wira usaha.

Jawaban: Bisa ningkatake ekonomi kulawarga.

6. Kepriye pangarep-arepe kang sesorah tumrap para siswa besuke?
a. Para siswa sregep sinaune kareben pinter sekolahe.
b. Para siswa bisa mbukak lapangan kerja mbesuke.
c. Para siswa duwe krenteg nindakake wira usaha.
d. Para siswa padha bekti marang rama Ian ibune.

Jawaban: Para siswa duwe krenteg nindakake wira usaha.

7. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah.
Tembung konjuk tegese …..
a. disuwunke
b. diparingke
c. diaturake
d. diadhepake

Jawaban: diaturake.

oal uts bahasa jawa kelas 6 semester 2 pdf

8. Perlu kawuningan bilih anggen kula nindakaken usaha kripik welud menika sampun puluhan
taun. Tegese tembung kawuningan yaiku …..
a. diweruhi
b. dingerteni
c. dipirsani
d. dirungu

Jawaban: dingerteni.

9. Mugi-mugi para siswa benjang sageda gadhah krenteg nindakaken wira usaha.
Tegese tembung krenteg yaiku ….
a. karep
b. gegayuhan
c. cita-cita
d. panjangka

Jawaban: karep.

10. Menawi wonten lepatipun atur kula saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Tegese tembung mranani yaiku ….
a. nusuk
b. nyinggung
c. damel trenyuh
d. damel sisah

Jawaban: nyinggung.

11. Istilah agunging samodra pangaksami tegese ….
a. gedhene banyu samodra
b. gedhene pangapura
c. lubere banyu segara
d. gedhe kaluputan

Jawaban: gedhene pangapura.

12. Bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi dinten menika sedaya ketua
RW saged …
a. teka
b. dugi
c. dhateng
d. rawuh

Jawaban: rawuh.

13. Pepanggihan Karang Taruna dinten menika kangge ngrancang adicara pameran, mila mangga kita ngrancang jadwalipun….
a. gotong-royong
b. sesarengan
c. sami-sami
d. nyawiji

Jawaban: sesarengan.

14. Bapak Ibu saha para sedherek ingkang kula kurmati. Bilih maos saged nambah seserepan utawi kawruh.
Ukara ing nginggil tuladha perangan sesorah….
a. pambuka
b. atur syukur
c. wigatosing
d. panutup

Jawaban: isi pidato utawa wigatosing.

15. Makaten atur kula, pungkasaning atur wilujeng makarya. Mbok bilih wonten kalepatan kula, nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun. Ukara kuwi sesorah perangan ….
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. pandonga

Jawaban: panutup.

Contoh Soal Bahasa Jawa Bab Sesorah

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 6.

Assalamu ‘alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak ibu guru ingkang kula urmati, kadang kula sepuh kelas VI ingkang kula tresnani, saha kanca-kanca ingkang bagya mulya. Puji syukur kita konjukaken dhumateng GustiAllah ingkang sampun maringi berkah saha hidayahsaengga kula saha panjenengan saged kempal ing papan menika kanthi widodo nir ing sambikala.

Kula minangka sesulihipun kelas I dumugi kelas V ngaturaken panampi atur pepisahan saking kelas VI punika. Awit kadang kelas Vi ingkang sampun kula anggep sedherek piyambak badhe nilaraken sekolah punika. Nanging kados pundi malih, saben wonten pepanggihan mesthi badhe wonten pepisahan.

Kula ugi ngaturaken agunging panuwun dene para sedherek kelas VI sampun ikhlas paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng paedahipun. Kula boten saged atur lelintu punapa-punapa kejawi namung atur pudyastuti mugi sedaya amal saha kasaenan panjenengan pikantuk lelintu saking Gusti ingkang Maha Agung, saged nglajengaken ing sekolah ingkang Iuhur sageda ketampi, saged mujudaken cita-cita ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi.

Cekap semanten mbok bilih anggen kula matur kathah kekirangan utawi kalepatan, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Nuwun, wassalamu alaikum wr. wb.

1. Ing acara apa sesorah ing dhuwur diwedharake?
a. Dina guru
b. Dina pahlawan
c. Dina kamardhikan
d. Pepisahan kelas VI

Jawaban: Pepisahan kelas VI.

2. Babagan apa sing dirembug ing sesorah dhuwur?
a. Sejarah kamardhikan
b. Aturpanuwun marang kelas VI
c. Atur panampi pepisahan kelas VI
d. Donga kanggo kelas VI sing arep pindhah sekolah

Jawaban: Atur panampi pepisahan kelas VI.

3. Sapa paraga sing nindakake sesorah ing dhuwur?
a. Kepala Sekolah
b. BapakGuru
c. Ibu Guru
d. Sesulihe kelas I-V

Jawaban: Sesulihe kelas I-V.

4. Istilah ‘Widodo nir ing sambikala” nduweni teges padha karo ….
a. slamet ora ana alangan
b. bisa katekan apa sedyane
c. klakon apa sing dikarepake
d. setan ora doyan dhemitora ndulit

Jawaban: slamet ora ana alangan.

5. Basa sing digunakake ing teks sesorah ing ndhuwur ….
a. krama
b. ngoko
c. krama alus
d. ngoko alus

Jawaban: krama alus.

6. Kula minangka sulihipun kelas I dumugi kelas V ngaturaken panampi atur pepisahan saking kelas VI punika. Awit kadang kelas VI ingkang sampun kula anggep sedherek piyambak badhe nilaraken sekolah punika. Nanging kados pundi malih, saben wonten pepanggihan mesthi badhe wonten pepisahan.

Perangane sesorah ing dhuwur diarani ….
a. salam pambuka
b. pambuka
c. surasa basa
d. panutup

Jawaban: surasa basa.

7. Ngaturake salam, ngucapake syukur marang Gusti, sarta mbagekake kang padha rawuh lumrahe diandharake ing perangane sesorah yaiku ….
a. pambuka
b. surasa basa
c. wacana basa
d. wasana basa

Jawaban: pambuka.

8. Cekap semanten mbok bilih anggen kula matur kathah kekirangan utawi kalepatan, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Ukara kasebut kalebu perangane sesorah yaiku ….
a. pambuka
b. surasa basa
c. wasana basa
d. salam panutup

Jawaban: wasana basa utawa panutup.

9. Sesorah kang isine nampa rawuhe tamu ana ing sawijining pahargyan diarani….
a. atur pambagya
b. atur pangajak
c. aturpanglipur
d. aturpanyarue

Jawaban: atur pambagya.

10. Ing ngisor iki babagan sing kudu digatekake nalika sesorah, kajaba ….
a. suwara digawe-gawe kareben sing ngrungokake padha ngguyu
b. pocapan kang cetha Ian bisa keprungu sing padha ngrungokake
c. basa kang prasaja Ian bisa dingerteni sing padha ngrungokake
d. sandhangan kang trep Ian pantes karo kaperluwan utawa acarane

Jawaban: suwara digawe-gawe kareben sing ngrungokake padha ngguyu.

11. Menawa arep sesorah mbutuhake bab ngisor iki, kajaba….
a. kaprigelan olah pikir
b. kaprigelan olah rasa
c. kapinteran olah wicara
d. kapinteran olah raga

Jawaban: kapinteran olah wicara.

12. Solah bawane wong sing lagi sesorah ora kena….
a. semangat
b. mbesengut
c. sora swarane
d. cetha pocapane

Jawaban: mbesengut.

13. Ancas tujuane sesorah ing prastawa kematian antarane yaiku nglipur kulawarga sing kesripahan. Miturut tujuane sesorah kasebut klebu sesorah …..
a. Informatif
b. Deskriptif
c. Persuatif
d. Rekreatif

Jawaban: Rekreatif utawa panglipur.

14. Supaya narik kawigaten, bab-bab ngisor iki kudu digatekake tumrap piyayi sesorah ing acara
resmi, kajaba ….
a. solah bawane
b. agemane
c. lelucone
d. sikape

Jawaban: lelucone.

15. Kanggo persiapane nulis teks sesorah becike gawe ….
a. ukara
b. dudutan
c. cengkorongan
d. gagasan baku

Jawaban: cengkorongan.

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Pacelathon

Pacelathon ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 9 !

Arya : “Nif, ayo bedhek-bedhekan.”
Hanif : “Ayo, karo ngapalne cangkriman ya dhawuhe Bu Guru minggu ngarep ulangan bab cangkriman. ”
Arya : “Kebo picak mripate pira, hayo?”
Hanif : “Kebo iku picak utawa Ora, mripate ya tetep Ioro ta?”
Arya : “Ya, salah Nif. Kebo picak iku kebo sapi Ian cecak, mula mripate enem.”
Hanif : “O…kuwi ta maksude. Genti aku sing mbadheki. Tamu kok mung disuguhi opak angin. Apa badhekane?”
Arya : “Gampang kuwi. Opak angin rak sing digoreng wedhi kae. ”
Hanif : “Hahaha… salah…. Disuguhi opak angin iku tegese ora disuguhi.”
Arya : “Nyindhir ya…. Aja kuwatir… Ibu mau wis nggoreng gedhang. ”
Ibu : “Adhuh… seru banget olehe dolanan cangkriman sore iki.”
Arya : “lya, Bu. Kareben gampang apal.. .ora krasa dolanan karo sinau.”
Ibu : “Nak Hanif, iki lho gedhang gorenge ndang, mumpung isih anget!”
Hanif : “ …… “

1. Topik pacelathon ing ndhuwur yajku .
a. sinau
b. dolanan
c. cangkriman
d. mertamu

Jawaban: cangkriman.

2. Pacelathon ing ndhuwur katindakake ana ing ….
a. omahe Arya
b. omahe Hanif
c. sekolahan
d. kandhang kebo

Jawaban: omahe Arya.

3. Arya Ian Hanif padha cangkriman ing wanci ….
a. esuk
b. awan
c. sore
d. wengi

Jawaban: sore.

Dan berikut ini soal uas bahasa jawa kelas 6 semester 2 yang lainnya.

4. Pacelathon ing ndhuwur katindakake kanthi swasana ….
a. nguwatirake
b. nyenengake
c. nggumunake
d. nggeterake

Jawaban: nyenengake.

5. Tembung kuwatir ing pacelathon ndhuwur tegese ….
a. ngarep-arep
b. sumelang
c. getun
d. wedi

Jawaban: sumelang.

6. Opak iku panganan khas Sunda sing digawe saka ….
a. pohung kukus
b. glepung beras
c. tape ketan
d. gandum

Jawaban: pohung kukus.

7. Cangkriman iku unen-unen sing kudu …
a. dibedhek
b. diwaca
c. ditulis
d. dirasa

Jawaban: dibedhek.

8. Cangkriman uga diarani ….
a. plesetan
b. batangan
c. dolanan
d. tembang

Jawaban: batangan.

9. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ….
a. Segara beldhes
b. Bocor malah kebak
c. Sega sekepel dirubung tinggi
d. Wong adoi krambil dikepruki

Jawaban: Sega sekepel dirubung tinggi.

10. Yen rembugan/celathu marang bapak utawa ibu becike nggunakake basa …
a. ngoko
b. ngoko alus
c. krama
d. kedhaton

Jawaban: krama.

Soal Bahasa Jawa Pacelathon

Pacelathon ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 8

Ibu : “Fan, kowe lagi ngapa? Kok, Ibu ora krungu swaramu.”
Rifan : “Kula nembe ningali TV, Bu!”
Ibu : “Apa kowe wis nggarap PR, cah bagus?”
Rifan : “Lha nggih menika, lantaran nonton TV menika PR-ipun.”
Ibu : “Ha… ? Bu Guru ki maringi PR, kowe didhawuhi nonton W?”
Rifan : “Inggih, Bu. Sekedhap malih, jam 11.00 dumugi 11.30 mangke, wancinipun Live streaming TVRI, acaranipun BdR lantaran TVRI.”
Ibu : “000… Belajar dari Rumah amarga pandemi covid-19, Fan?”
Rifan : “Kaleresan, Bu. Mbok bilih ibu wonten wekdal mirunggan, kersaa Ibu ndhampingi kula sinau.”
(Ibu mendhet masker banjur nyeraki lungguhe Rifan)
Ibu : “Kanggo anakku sing bagus, ibu siap ngamping-ampingi. Ibu nganggo masker dhisik, ya!”
Rifan : “…… “

1. Pacelathon ing ndhuwur ngrembug bab ….
a. nonton TV
b. nggarap PR
c. BdR lataran TVRI
d. pandemi covid-19

Jawaban: BdR lataran TVRI.

2. Pacelathon ing ndhuwur katindakake ing ….
a. sekolah
b. ngomah
c. ngarep TV
d. kamar tamu

Jawaban: ngarep TV.

3. Pacelathon ing ndhuwur katindakake wanci ….
a. esuk
b. sadurunge jam 11.00
c. jam 11.00 -11.30
d. sawise jam 11.30

Jawaban: sadurunge jam 11.00.

4. Rifan sinau ana ngomah sebab …
a. didhawuhi Bu Guru
b. sekolahe Rifan prei
c. Bu Guru maringi PR
d. pandemi covid-19

Jawaban: pandemi covid-19.

5. Pacelathon ing ndhuwur nggunakake basa….
a. Ibu nggunakake basa krama, Rifan basa ngoko
b. Ibu nggunakake basa ngoko, Rifan basa ngoko
c. Rifan nggunakake basa krama, Ibu basa krama
d. Rifan nggunakake basa krama alus, Ibu basa ngoko

Jawaban: Rifan nggunakake basa krama alus, Ibu basa ngoko.

6. Ature Rifan kang pungkasan jumbuh karo pacelathon ing ndhuwur
a. “Boten sah ngagem masker mawon, Bu.”
b. “Ngagem masker kangge menapa ta, Bu?”
c. “Maturnuwun Ibu sampun mundhutmasker.”
d. “Leres, Bu. Nadyan wonten griya tetep nindakaken 3 M.”

Untuk soal uas bahasa jawa kelas 6 semester 2 bab pachelaton yang lain bisa dibaca di bawah ini.

Jawaban: “Leres, Bu. Nadyan wonten griya tetep nindakaken 3 M.”

7. Tegese tembung “pandemi covid-19” iku ….
a. virus corona 19 wis nyebar sadonya
b. virus corona 19 wis nyebar ing Nuswantara
c. virus corona 19 njalari lelara anyar
d. virus corona 19 njalari akeh wong mati

Jawaban: virus corona 19 wis nyebar sadonya.

8. Ukara (Ibu mendhet masker banjur nyeraki lungguhe Rifan) ing teks pacelathon ndhuwur kanggo ….
a. nambahi teks pacelathon
b. ngganepi teks pacelathon
c. nuduhake apa sing kudu diucapake tokoh/lakon
d. nuduhake apa sing kudu ditindakake tokoh/lakon

Jawaban: nuduhake apa sing kudu ditindakake tokoh/lakon.

9. Menawa nulis teks pacelathon, antarane tokoh/lakon Ian ukara pacelathon diwenehi tandha
a. titik ( . )
b. titik loro ( : )
c. titik koma ( ; )
d. pitakon (?)

Jawaban: titik loro ( : ).

10. Rifan “Jadwal acara Live streaming BdR TVRI jam pinten Bu Guru”
Perangan teks pacelathon ing ndhuwur kurang tandha ….
a. titik loro (: ) sawise Rifan Ian tandha koma ( , ) sawise pinten
b. tandha koma ( , ) sawise TVRI Ian tandha pitakon ) sawise Bu Guru
c. tandha koma ( , ) sawise pinten Ian tandha pitakon sawise Bu Guru
d. titik loro ( : ) sawise Rifan, koma ( , ) sawise pinten, Ian tandha pitakon sawise Bu Guru

Jawaban: titik loro ( : ) sawise Rifan, koma ( , ) sawise pinten, Ian tandha pitakon sawise Bu Guru.

11. Andin : “Ing masa pandemi covid-19 iki kok kon nindakake 3M, karepe apa ta, Sa?”
Elsa : ‘Kanggo nekan nulare covid-19 kon nindakake 3M, yaiku Memakai masker, Mencuci tangan, sarta Menjaga jarak.”
Andin : ” oo … , ngono ta. Matur nuwun, saiki aku wis mudheng.”
Elsa : “Ya ngono kuwi, yen gelem takon dadine mudheng.”

Andin Ian Elsa ngrembug babagan ….
a. tegese 3M
b. singkatan 3M
c. tujuane nindakake 3M
d. gunane gelem takon

Jawaban: tujuane nindakake 3M.

12. Teks pacelathon ing soal nomer 23 yen didadekake teks narasi dadi ….
a. Andin takon marang Elsa babagan karepe nindakake 3M ing masa pandemi covid-19. Elsa banjur nerangake, menawa nindakake 3M iku Memakai masker, Mencuci tangan, Ian Menjaga jarak kanggo nekan nulare covid-1 9.
b. Andin ngaturke panuwun marang Elsa sing wis nerangake babagan nindakake 3M, yaiku kanggo nekan nulare covid-19.
c. Elsa nerangake pentinge yen gelem takon, yaiku dadi mudheng babagan nindakake 3M, Memakai masker, Mencuci tangan, sarta Menjaga jarak.
d. Andin takon marang Elsa babagan karepe nindakake 3M ing masa pandemi covid-19. Elsa banjur nerangake, menawa nindakake 3M iku Memakai masker, Mencuci tangan, Ian Menjagajarak kanggo nekan nulare covid-19. Andin ngaturke panuwun amarga dadi mudheng.

Jawaban: Andin takon marang Elsa babagan karepe nindakake 3M ing masa pandemi covid-19. Elsa banjur nerangake, menawa nindakake 3M iku Memakai masker, Mencuci tangan, Ian Menjagajarak kanggo nekan nulare covid-19. Andin ngaturke panuwun amarga dadi mudheng.

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Aksara Jawa

1. ꦱꦢꦤ​ꦭꦫ​ꦲꦥ

Yen ditulis nganggo latin dadine ….

a. Surana loro untu
b. Sadana lara apa
c. Sadana loro apa
d. Sarana lara apa

Jawaban: Sadana lara apa.

 

2. ꦲꦶꦧꦸ​ꦔꦒꦼꦩ꧀​ꦩꦱ꧀ꦏꦼꦂ

Yen tulisan jawa ing dhuwur ditulis latin dadine….

a. Ibu nganggo daster
b. Ibu nganggo masker
c. Ibu ngagem daster
d. Ibu ngagem masker

Jawaban: Ibu ngagem masker.

 

3. Ana dara sanga.

Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ….

a. ꦲꦤ​ꦢꦫ​ꦱꦔ

b. ꦲꦤ​ꦢꦺꦴꦫꦺꦴ​ꦱꦔ

c. ꦲꦤ​ꦢꦺꦴꦫꦺꦴ​ꦱꦺꦴꦔꦺꦴ

d. ꦲꦺꦴꦤꦺꦴ​ꦢꦺꦴꦫꦺꦴ​ꦱꦺꦴꦔꦺꦴ

Jawaban: A. ꦲꦤ​ꦢꦫ​ꦱꦔ.

 

4. Kene mau sore sepi yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ….

a. ꦏꦺꦤꦺ​ꦩꦲꦸ​ꦱꦺꦴꦫꦺ​ꦱꦼꦥꦶ

b. ꦏꦺꦤꦺ​ꦩꦲꦸ​ꦱꦺꦴꦫꦺ​ꦱꦺꦥꦶ

c. ꦏꦼꦤꦼ​ꦩꦲꦸ​ꦱꦺꦴꦉ​ꦱꦼꦥꦶ

d. ꦏꦺꦤꦺ​ꦩꦲꦸ​ꦱꦺꦴꦉ​ꦱꦺꦥꦶ

Jawaban: A.

 

5. ꦚꦸꦕꦶ​ꦠꦔꦤ꧀​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦱꦧꦸꦤ꧀

Yen ditulis nganggo aksara latin dadine ….

a. Cuci tangan nganggo sabun

b. Cuci tangan ngagem sabun

c. Nyuci tangan nganggo sabun

d. Nyuci rambut nganggo sabun

Jawaban: Nyuci tangan nganggo sabun.

 

6. Bapak ngagem sepatu

Yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ….

a. ꦚꦸꦕꦶ​ꦠꦔꦤ꧀​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦱꦧꦸꦤ꧀

b. ꦧꦥꦏ꧀​ꦔꦒꦺꦩ꧀​ꦱꦺꦥꦠꦸ

c. ꦧꦥꦏ꧀​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦱꦺꦥꦠꦸ

d. ꦧꦥꦏ꧀​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦱꦼꦥꦠꦸ

Jawaban: A.

Demikianlah sedikit bahasan mengenai soal UAS/PAS bahasa jawa kelas 6 semester 2 dan jawaban semoga bermanfaat.