soal bahasa jawa kelas 6 semester 1

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 : Bab Kesenian Kurikulum 2013

Diposting pada

Untuk postingan kali ini saya akan membagikan Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 : Bab Kesenian Kurikulum 2013. Soal ini disusun berdasarkan kisi kisi basa jawa untuk kelas 6 kurikulum 2013. Di mana di dalam semester 1 ini terdapat 4 bab. Namun pada postingan kali ini, saya akan membahas yang Bab 1 yaitu Kesenian.

Bisa dikatakan bahwa soal ini merupakan soal ulangan harian bahasa jawa kelas 6 semester 1 kurikulum 2013. Pasalnya soal ini membahas hanya satu bab saja. Namun tidak menutup kemungkinan, soal ini bisa digunakan untuk persiapan menghadapi UTS maupun UAS semester 1.

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 Kesenian

Untuk contoh soal basa jawa kelas 6 bab kesenian ini, terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian dan 5 soal uraian. Maaf untuk kunci jawaban belum saya sediakan.

1. Karangan kang nggambarake salah sawijining objek adhedhasar kasil saka pengamatan, pangrasa, lan uga pangalamane saka penulis diarani karangan ….
a. narasi
b. deskripsi
c. persuasi
d. argumentasi

2. Tembung deskripsi asale saka bahasa Latin yaiku describere.
Tembung describere nduweni teges yaiku ….
a. kronologis
b. gambaran
c. pangajak
d. pangarep arep

3. Ing ngisor iki kang dudu ciri-cirine karangan deskripsi yaiku ….
a. runtut utawa sistematis
b. ana objek lan uga suasanane
c. bisa nambahi wawasan kang maca
d. dijlentrehake kanthi rinci

4. Ing ngisor iki kang dudu kalebu wujude karangan yaiku ….
a. pengalaman pribadi penulis
b. argumentasi
c. eksposisi
d. deskripsi

5. Kesenian reog iku asale saka ….
a. Jawa Tengah
b. Cirebon
c. Yogyakarta
d. Ponorogo

6. Crita reog iku nduweni carita kang saemper karo crita ….
a. Rara Jonggrang
b. Malin Kundhang
c. Danau Toba
d. Dumadine Kutha Surabaya

7. Paraga utamane ing crita kesenian Reog yaiku ….
a. Dewi Sanggalangit
b. Kelana Sewandana
c. Warok
d. Bujang Ganong

8. Ing crita kesenian reog kang dadi prabu ing Bantarangin yaiku ….
a. Dadak Merak
b. Warok
c. Kelana Sewanda
d. Dewi Sanggalangit

9. Prajurit kang numpaki jaran ing crita kesenian reog diarani ….
a. Bujang Ganong
b. Warok
c. Jathilan
d. Dadak Merak

10. Dawane Dadak Merak ing kesenian reog yaiku ….
a. 50 cm
b. 225 cm
c. 230 cm
d. 250 m

11. Ing kesenian reog Dadak merak duweni amba ….
a. 150 cm
b. 225 cm
c. 230 cm
d. 350 m

Gatekno wacan ing ngisor iki.

Tari Saman

Saman yaiku salah sawijining jeneng jogedan saka Provinsi Nangroe Aceh Darussalam. Seni daerah kang ngengarepake obahan utawa syair iki didelokne karo piranti musik pangiring, awujud rebana. Tari Saman dadi sarana hiburan ing macem-macem acara, wiwit acara kedaerahan nganti acara kenegaran. Tepukan dhadha lan pupu saka para penari ngetokne suwara khas lan unik ¡ng sak jroning penampilan tari iki mau. Ing jaman ndisik, tarian kang dicampur karo iringan syair nganggo basa arab iki ditunjukake neng siji panggung neng ngisor Meunasah. Keunikan saka tari Saman yaiku obah kompak sing dilakoke para penari nggawe wong kang pada ndeleng gumun. Mula Tari Saman iki uga dikenal nganti negara manca.

12. Wacan ing sisih ndhuwur mau ngrembag bab ….
a. Tari Saman
b. Tari Nangroe Darussalam
c. Tari tradhisional Sumatra
d. Jogedan dhaerah

Baca Juga: soal uas bahasa jawa kelas 6 semester 1 2018 dan 2019

 

13. Kesenian Tari Saman asale saka Provinsi ….
a. Arab Saudi
b. Jawa Barat
c. Nangroe Aceh Darussalam
d. Yogyakarta

14. Piranti musik kang kanggo ngiringi jogedan Saman yaiku ….
a. gamelan
b. rebana
c. suling
d. trompet

15. Tari Saman biasane digelar ing sawijing acara kang nduweni sifat …
a. hajatan mantu
b. hajatan bayen
c. kedaerahan
d. pengetan wong mati

Wacanen teks ing ngisor iki !

Monumen Bathik Yogyakarta
Gagasan mbangun Monumen Bathik Yogyakarta wis ana Sadurunge. Unesco ngakoni menawa bathik minangka warisan budaya donya. Bathik pancen dadi unggulane bangsa Indonesia. Ing Yogyakarta bathik didadekake simbol saben ana upacara adat Jawa, kalebu tata cara bayi wiwit sadurunge lair pitung sasi nggunakake bathik tumekeng manten lan tilar donya. Ing Monumen Bathik Yogyakarta dipajang maneka warna motip bathik. Ana motip parang kusuma, kawung, parang sarung, parang mangkara, truntum, Ian sapanunggalane. Motip bathik mau dienggo miturut upacara adat sing arep ditindakake. Umpamane ingg upacara mantu, mila migunakake motip bathik truntum.
Wacan ing dhuwur diringkes saka majalah Panyebar Semangat.

16. Bathik umume digunakake ana ing….
a. acara rapat
b. upacara adat Jawa
c. piknik kluwarga
d. mung kanggo acara mantu

17. Miturut wacan ing sisih ndhuwur, kawontenan bathik mau kudu ….
a. dimangerteni
b. dipun lalekake
c. diuri-uri
d. dituladhani

18. Bathik sampun dipunakoni dening Unesco minangka warisan budaya ….
a. Walanda
b. Jawa
c. Indonesia
d. Donya

19. Monumen Bathik dibangun ing kutha ….
a. Semarang
b. Yogyakarta
c. Solo
d. Pekalongan

20. Motip bathik kang umume dienggo duwe gawe mantu yaiku motip ….
a. kawung
b. parang kusuma
c. truntum
d. parang rusak

Soal Isian Singkat Basa Jawa

1. Gotong royong ing kesenian dhaerah iku kalebu tumindak kang ….

2. Kesenian daerah kang asale saka Ponorogo diarani kesenian ….

3. Karangan kang surasane pangajak marang kang maca diarani karangan ….

4. Jenising karangan kang ditulis dening awake dhewe ngenani bab kang wus kedadean diarani ….

5. Nalika nulis crita bab pengalaman kudu jumbuh karo ….

6. Dijientrehake kanthi runtut, sistematis lan rinci iku salah sijining ciri karangan ….

7. Crita kang ana ing pagelaran seni reog miturut babad ….

8. Ing kesenian reog kang dadi Patih Pujangga Anom diarani ….

9. Crita reog iku salah sawijining crita kang nduweni crita kang saemper karo crita …

10. Paraga ing kesenian reog minangka prajurite Prabu Kelana sing taksih enom diarani ….

Soal Uraian

1. Sebutna kang kalebu wujude karangan!
Jawab: ………

2. Sebutna 4 ciri cirine karangan deskripsi !
Jawab: ………

3. Sebutna paraga kang ana ing crita pagelaran seni reog!
Jawab: ………

4. Sebutna motip bathik kang kongerteni!
Jawab: ………

5. Apa pitutur luhur kang bisa dijupuk saka kesenian reog Ponorogo iku?
Jawab: ………

Selain soal bahasa jawa kelas 6 semester 1 2019, adik adik bisa mempelajari beberapa soal basa Jawa yang lainnya, melalui tautan di bawah ini:

soal bahasa jawa kelas 6 semester 2

Sekian pembahasan kita kali ini semoga bermanfaat dan dapat menambah wawasan kita mengenai soal bahasa jawa kelas 6 semester 1 : kesenian kurikulum 2013.