soal basa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013

Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Bab Tembang Pangkur

Diposting pada

Soal basa jawa kelas 5 semester 2 akan kami bahas pada kesempatan kali ini. Untuk kesempatan kali ini kami fokuskan pada bab. geguritan dan tembang pangkur. Yuk kita bahas bersama sama tentang Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Bab Tembang Pangkur.

Soal Basa Jawa Kelas 5 Semester 2

Pada semester 2 kurikulum 2013 terdiri dari 4 bab. Dan berikut ini bab dan materi pokok pada kelas 5 semester 2 ini, antara lain:

  • Bab 5 – Bab Pendidikan ( berisikan materi tentang geguritan dan tembang pangkur).
  • Bab 6 – Bab Peristiwa ( berisikan tentang legenda dumadine Rawa Pening )
  • Bab 7 – Bab Tokoh Wanita dalam wayang ( berisikan tentang Srikandi Madheg Senapati)
  • Bab 8 – Bab Aksara Jawa.

Soal Basa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013

Untuk postingan kali ini, kami akan membagikan contoh soal bahasa jawa kelas 5 k13 semester 2. Yang terdiri dari 25 soal pilihan ganda dan 10 soal isian. Di akhir pembahasan akan kami lengkapi dengan kunci jawaban. Tak perlu panjang lebar kami memberikan pengantar. Yuk kita pelajari bersama soal soal basa jawa ini.

Soal Pilihan ganda

Tembang Pangkur

Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

1. Tembung sekar ing dhuwur nduweni teges ….
a. tembang
b. kembang
c. geguritan
d. macapat

2. Guru lagu lan wilangan gatra ketelu tembang pangkur yaiku ….
a. 7u
b. 8u
c. 9u
d. 10u

3. Guru gatra tembang pangkur yaiku ….
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9

4. Tibaning dhong dhing utawa swara ing pukasaning larik ing tembang macapat diarani ….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru gatra
d. geguritan

5. Den kaesthi siyang ratri nduweni teges …
a. digawe awan bengi
b. diudi sapa wae
c. digawe sapa wae
d. diudi awan lan bengi

6. Miwah ing tata krama. Tembung miwah tegese ….
a. amarga
b. nanging
c. mewah
d. lan

7. Prayoga kawruhana, tembung prayoga tegese yaiku ….
a. becike
b. gagah
c. anak
d. sugih

8. Puisi Jawa gagrag utawa model anyar diarani ….
a. cangkriman
b. parikan
c. geguritan
d. wangsalan

9. Tembung pada ing istilah sastra utaminipun macapat tegese ….
a. padha
b. bait
c. larik
d. lagu

10. Aturan aturan ing tembang macapat diarani….
a. aturan
b. paugeran
c. cakepan
d. werdi

11. Tembang macapat kalebu tembang ….
a. alit
b. gedhe
c. dolanan
d. keraton

12. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba ….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru sastra
d. guru gatra

13. Cacahing tembang macapat ana …
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13

14. Ing ngisor iki kang dudu watake tembang pangkur yaiku ….
a. sembrana
b. gagah
c. prawira
d. madep manteb

15. Nalika ngudi ilmu, ngudi tegese ….
a. wadah
b. sekolah
c. golek
d. tuku

16. Deduga lawan prayoga
Myang watara reringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng myang nendra
Duga duga aja kari

Sumber : Serat Wulangreh, Pakubuwana IV.

Serat Wulangreh kuwi sing ngarang yaiku ….
a. Mangkunagara IV
b. Mangkunagara VI
c. Pakubuwana IV
d. Pakubuwana VI

17. Tembung kuping basa kasare gobog, dene basa kramane yaiku ….
a. rikma
b. tutuk
c. mustaka
d. talingan

18. Bungah ingaranan cubluk tegese seneng menawa diarani ….
a. pinter
b. bodho
c. bisa
d. wasis

19. Kuping iku luwih becik perlu kanggo ….
a. pangrungu
b. canthelan wajan
c. canthelan petelot bujel
d. ngicipi dhaharan

20. Becike wong diparingi kanugrahan iku ngaturake ….
a. donga
b. ngapura
c. piwales
d. syukur

21. Tembang Pangkur cocog kanggo ngandharake pitutur luhur ngenani ….
a. sekolahan
b. masyarakat
c. budi pekerti
d. tata cara sinau

22. Tembang linggane geguritan yaiku ….
a. gurit
b. guritan
c. urit
d. gegur

23. Yen ora nengen ya ngiwa, yen ora beja ya ….
a. mulya
b. mlebu suwarga
c. cilaka
d. dhuka

24. Tembang Pangkur

Mangkono ilmu kang nyata
Sanyatane mung we reseping ati
Bungah Ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip

Tembung sukeng tyas yen den ina
Tyas tegese ….
a. ati
b. rasa
c. budi
d. pikir

25. Tembung cubluk ing tembang dhuwur wau tegerse ….
a. pinter
b. lantip
c. bodho
d. wasis

Soal Isian Singkat

1. Tembang pangkur iku kalebu tembang ….

2. Cacahing gatra saben sapada diarani guru ….

3. Kuping kang ora bisa krungu diarani ….

4. Wonge ayu manis, emen yen ngrungokake ora wasis.
Tembung wasis tegese ….

5. Wacanen geguritan ing ngisor iki !

Yung,
Putramu nyuwun ngapura
Ora bisa dadi putra kang sampurna
Ora bisa gawe legane biyung
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa lupu, nengen luput

Isine geguritan kasebut, anak kang ngakoni kaluputan marang ….

6. Tembung luput ing geguritan ing dhuwur tegese ….

7. Tembung deduga lawan prayoga, deduga tegese ….

8. Guru wilangan yaiku cacahe wanda utawa suku kata saben ….

9. Guru lagu gatra kalima tembang pangkur yaiku ….

10. Tembung gurit tegese ….

Baca juga: soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 tahun 2018/2019

Kunci Jawaban Basa Jawa Kelas 5 Semester 2 k13

Seperti janji kami di awal bahwa di akhir pembahasan akan membagikan kunci jawaban. Namun untuk semesntara belum bisa kami aktifkan link ya.

Kunci jawaban bahasa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013

Dan untuk postingan selanjutnya kami akan membahas Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Bab. Legendha Dumadine Rawa Pening.

 

Sekian pembahasan kita kali ini. Semoga postingan kali ini bisa menambah wawasan kita tentang soal bahasa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013.